Contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa KD 3.1 kelas 5 K-13 semester 1

Contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa KD 3.1 kelas 5 K-13 semester 1.

Rekan-rekan semua kali ini admin akan membagikan artikel mengenai Contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa KD 3.1 kelas 5 K-13 semester 1. 

Setiap kali menyelesaikan subtema guru diharuskan untuk melaksanakan Ulangan Harian atau Penilaian Harian. Berbeda dengan Mata Pelajaran umum lainnya, Ulangan harian atau penilaian harian pada mata pelajaran muatan lokal dilaksanakan per indikator atau setiap selesai 1 Kompetensi Dasar.

Contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa KD 3.1 kelas 5 K-13 semester 1.
Contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa KD 3.1 kelas 5 K-13 semester 1
Dalam postingan kali ini kami akan membagikan Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa Kurikulum 2013 (K-13) untuk jenjang kelas 5 SD/MI.

Dalam membuat soal evaluasi untuk peserta didik, perlu dilakukan Pemetaan Kompetensi Dasar (KD) Pada mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 5 SD/MI sesuai Kurikulum 2013.

Merujuk pada Kompetensi Dasar Bahasa Jawa kelas 5 Kurikulum 2013 revisi terbaru, KD yang diajarkan di awal semester 1 adalah KD 3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks narasi atau deskripsi.

Berikut ini adalah Contoh soal ulangan harian atau penilaian harian Bahasa Jawa kelas 5 semester 1

Soal Ulangan Harian Ke-1 Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1


SOAL ULANGAN HARIAN I

SATUAN PELAJARAN : BAHASA JAWA MUATAN LOKAL

KELAS   : 5

SEMESTER   : 1

TAHUN AJARAN   : ................

Wacanen kanthi satiti!

Ngumbulake Layangan

Srengenge isih panas-panase, watara isih jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan Ibune, mesthi wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwe alasan yen sore-sore angine wis ora pati banter maneh.

Sidane Rudi gawe layangan dhisek samba ngnteni iyupe srengenge. Ora let suwe Kiki karo Yoga teko marani Rudi. Bocah telu gawe layangan neng emper mahe Rudi. Dheweke wis kulina nggawe dolanan dhewe. Ora usah ndadak tuku.

Wenehana tanda ping (x) aksara A, B, C utawa D ing sangarepe wangsulan kang kok anggep paling bener!

1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku……
A. Srengene isih panas-panase
B. Ngumbulake layangan
C. Rudi bocah sregep
D. Gawe layangan

2. Sing apik ngumbulake layangan yen……
A. Esuk-esuk
B. Awan-awan
C. Bubar sarapan
D. Wis

3. Rudi, iki lan Yoga gawe layangan neng…..
A. Omahe Rudi
B. Omahe Yoga
C. Omahe Kiki
D. Lapangan

4. Bahan layangan sing kudu tuku yaiku…..
A. Pring
B. Kertas lan bolah
C. Kranjang
D. Spidol

5. Wacan ing ndhuwur ana…..
A. 2 larik
B. 2 pupuh
C. 2 paragraf
D. 2 pada

6. Karangan sing isine nyritakake sawijine rerangken kedadiyan sing urut diarani…..
A. Narasi
B. Diskripsi
C. Diskuri
D. Argumentasi

7. Pesan sing dikandut ing cerita / karangan diarani…….
A. Pambuka
B. Pasulayan
C. Prakara
D. Amanat

8. Perangane cerita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadean, lan papan panggonan kedadean diarani…..
A. Komplikasi
B. Orientasi
C. Resolusi
D. Amanat

9. Karangan kang nggambarake obyek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe obyek kang digambarake diarani…..
A. Karangan argumentasi
B. Karangan narasi
C. Karangan deskripsi
D. Karangan eksposisi

10. Piranti kanggo nggawe layangan yaiku…..
A. Lading, graji, pacul
B. Pemes, arit, wangkil
C. Garisan, pemes, pring
D. Gunting, lem, bolah

11. Ngumbulake layangan sing aman ana ing…..
A. Lapangan
B. Latar
C. Dalan seng amba
D. Mburitan

12. Struktur teks narasi ana 4, yaiku…..
A. Pambuka, pratama, prakara, pradana
B. Pambuka, pasulayan, pangudhare prakara, koda
C. Pratama, pambuka, prakara, pradana
D. Pasulayan, pangudharan prakara, pradana, koda

13. Perangane inti nganti tumekaning pucuk ing kedadean diarani…..
A. Resolusi
B. Komplikasi
C. Orientasi
D. Amanat

14. Kang mujudhake kepriye tokoh mau anggone ngudhari reribet jroning kedadean utawa masalah diarani…..
A. Resolusi
B. Komplikasi
C. Amanat
D. Orientasi

15. Karangan kang njlentrehake lan menehi katrangan utawa informasi sacetha-cethane ngenani sawijining babagan kanthi runtut diarani…..
A. Karangan narasi
B. Karangan deskripsi
C. Karangan eksposisi
D. Karangan argumentasi

16. Ing ngisor iki gunane dolanan tradisional, kejaba…..
A. Gawe awak sehat
B. Sugih banget
C. Bisa gawe rukun
D. Nglatih ketrampilan

17. Nulis karangan narasi kang nggunaake rumus (what) tegese…..
A. Sapa
B. Kapan
C. Kepriye
D. Apa

18. Ing karangan, kang nduduhake tanggal lan dina kadadean diarani……
A. Obyek
B. Latar waktu
C. Latar kahanan
D. Kahanan

19. Karangan narasi critane kanthi nggunaake rumus 5 W + 1 H. 1 H iku maksute…..
A. Hiburan
B. Himbauan
C. How / kepriye
D. H aksara mati

20. Dolanan egrang, dhakon, kalebu dolanan….
A. Modern
B. Para remaja
C. Bapak Ibu
D. Tradisional

21. Piranti dolanan kasti yaiku…..
A. Raket, kok
B. Bal, selang kayu
C. Net, Bal
D. Krikil, pring

22. “sing ngemong Arjuna iku Semar, Gareng, Petruk, Bagong” iki ciri-cirine teks karangan…..
A. Argumentasi
B. Narasi
C. Eksposisi
D. Deskripsi

23. Kang biasane dolanan dhakon, egrang yaiku……
A. Bapak-bapak
B. Ibu-ibu
C. Bocah-bocah
D. Wong ndesa

24. Sing dolanan kasti yaiku Yudi, Edo, Dimas, Rudi, Amir lan Budi. Kabeh iku diarani…….
A. Latar
B. Obyek
C. Waktu
D. Paraga

25. Kain bathik disenengi warga amerga…..
A. Murah
B. Penak golekane
C. Apik warnane
D. Digawe awet

Contoh Soal penilaian harian Bahasa Jawa kelas 5 di atas merupakan sebuah referensi untuk Bapak/Ibu guru dalam menyusun evaluasi kepada siswa.

Berkaca pada setiap kondisi siswa maupun sekolah yang berbeda, silahkan disesuaikan atau digubah menurut keadaan siswa dan sekolah bapak/ibu sekalian.

Apabila postingan ini bermanfaat, mohon untuk menyebarkannya ke kawan sejawat.

Dapatkan Soal-soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Lainnya DISINI

Demikian postingan kami kali ini mengenai Contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa KD 3.1 kelas 5 K-13 semester 1, Semoga Bermanfaat