Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa KD 3.2 kelas 5 K-13 semester 1

Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa KD 3.2 kelas 5 K-13 semester 1

Rekan-rekan semua kali ini admin akan membagikan artikel mengenai Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa KD 3.2 kelas 5 K-13 semester 1. untuk medonwload contoh soal ini silahkan anda bisa download pada link yang sudah admin sediakan.

Setiap kali menyelesaikan subtema guru diharuskan untuk melaksanakan Ulangan Harian atau Penilaian Harian. Berbeda dengan Mata Pelajaran umum lainnya, Ulangan harian atau penilaian harian pada mata pelajaran muatan lokal dilaksanakan per indikator atau setiap selesai 1 Kompetensi Dasar.

Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa KD 3.2 kelas 5 K-13 semester 1
Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa KD 3.2 kelas 5 K-13 semester 1

Dalam postingan kali ini kami akan membagikan Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa Kurikulum 2013 (K-13) untuk jenjang kelas 5 SD/MI.

Dalam membuat soal evaluasi untuk peserta didik, perlu dilakukan Pemetaan Kompetensi Dasar (KD) Pada mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 5 SD/MI sesuai Kurikulum 2013.

Merujuk pada Kompetensi Dasar Bahasa Jawa kelas 5 Kurikulum 2013 revisi terbaru, KD yang diajarkan di awal semester 1 adalah KD 3.2 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks tentang peristiwa faktual secara lisan dan tulis.

Berikut ini adalah Contoh soal ulangan harian atau penilaian harian Bahasa Jawa kelas 5 semester 1

Soal Ulangan Harian Ke-2 Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1


SOAL ULANGAN HARIAN 2

SATUAN PELAJARAN : BAHASA JAWA MUATAN LOKAL

KELAS   : 5

SEMESTER   : 1

TAHUN AJARAN   : ................

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA “WULANGAN 2”

Wacanen kanthi setiti !

Wong Paling Tuwa ing Indonesia Tinggal Donya

Sodimejo aliyas Mbah Gotho, manungsa paling tuwa se-Indonesia asal dhukuh Segeran, Desa Cemeng, Kecamatan Sambung Macan, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, tinggal Donya dina Ahad, 30 April 2017. Kalawarta Minggon “Penyebar Semangat” tanggal 13 Mei 2017 ngabarake, Mbah Gotho diyakini minangka wong paling tuwa sadonya adhedhasar kartu identitase. Panjenengane kecathet lair tanggal 31 Desember 1870, saengga nalika tinggal Donya dikira-kira yuswane Mbah Gotho 146 tahun. Sok ngonoa ora ana katrangan gumathuk bab umure Mbah Gotho awit dhokumen klairan kang dilacak ing kantor Dinas Kependhudhukan lan Catatan Sipil Sragen nuduhake menawa identitase Mbah Gotho wis ana kawit jaman Landa.

Puthune Mbah Gotho, Suyanto, ngandharake yen simbahe ora mangan lan ora ngombe kawit sesasi sadurunge katimbalan. Putu-putune wes mbudidaya ngrimuk supaya Mbah Gotho gelem mangan lan ngombe, nanging diwangsuli yen ora luwe lan ora ngelak. Merga kahanane saya lemes, Mbah Gotho digawa menyang RSUD Sragen, tanggal 12 April. Nanging Mbah gotho malah nesu-nesu ngajak mulih jalaran selawase uripe ya lagi pisan kui mlebu rumah sakit.

Wenehana tanda ( X ) ing aksara A, B, C, lan D sangarepe wangsulan sing paling bener !

1. Kang mujudake unsur who isine teks pawarta ing dhuwur yaiku …
A. Suyanto
B. Mbah Gotho
C. Segeran
D. Sragen

2. Kalawarta ingkang ngabarake brita bab Mbah Gotho yaiku …
A. Jaya Baya
B. Surat Kabar
C. Penyebar Berita
D. Penyebar Semangat

3. Teks pawarta iki mujudake informasi kang …
A. Fiksi
B. Diterka-terka
C. Nyata
D. Ngayawara

4. Piro yuswane Mbah Gotho nalika tinggal Donya …
A. 146 tahun
B. 156 tahun
C. 166 tahun
D. 164 tahun

5. Kang mujudhake unsur what isine teks warta ing dhuwur yaiku …
A. Sadimejo alias Mbah Gotho
B. Kalawarta minggon “Penyebar Semangat”
C. Wong Paling Tuwa ing Indonesia Tinggal Donya
D. Tinggal Donya Nalika Yuswa 146 tahun

6. Unsur-unsur pandhapuke pawarta ana …
A. 3
B. 4
C. 5
D. 6

7. When iku wujudake katrangan …
A. Pananan
B. Paraga
C. Cara
D. Wektu

8. Wong kang pegaweyane golek lan ngumpulake pawarta di arani …
A. Sutradara
B. Penulis
C. Reporter
D. Wartawan

9. Kang kalebu media catak yaiku …
A. Kalawarta
B. Radio
C. TV
D. Internet

10. Teks awujud laporan ngenani sawijining kadadeyan kang dumadi di arani teks …
A. Narasi
B. Dheskripsi
C. Pawarta
D. Argumentasi

11. Unsur pembangun pawarta kang mujudake panggonan dumadine prawasta yaiku …
A. Apa
B. Ing ngendi
C. Kapan
D. Geneya

12. How iku wujudake katrangan …
A. Paraga
B. Cara
C. Kapan
D. Kepriye

13. Wektu lan panggonan kedadeyane ora kena dipastekne, iku jenise pawarta …
A. Pawarta ndinan
B. Pawarta crita
C. Pawarta dadakan
D. Pawarta langsung

14. Angin puting beliung kui kalebu kedadeyan …
A. Bencana
B. Unik
C. Nyenengake
D. Lucu

15. Kepriye perasaanmu yen krungu pawarta bab putting beliung …
A. Seneng
B. Susah
C. Bungah
D. Marem

16. Pawarta kang arupo lisan lan gambar iku ing …
A. Kalawarta
B. Radio
C. TV
D. Majalah

17. Endhek dhuwure swara jroning maca pawarta yaiku …
A. Tempo
B. Vocal
C. Eneng
D. Intonasi

18. Kalem utawa cepete anggone maca sing kudu pas kasebut …
A. Intonasi
B. Tempo
C. Vocal
D. Eneng

19. Tari Barong iku asale saka ngendi …
A. Jawa Timur
B. Jawa Barat
C. Sulawesi
D. Bali

20. Pawarta gawe seneng utawa susahing atine sing miyarsa lan sing mirsani pawarta kalebu kabar  …
A. Kabar Manuk
B. Kabar negara
C. Kabar susah bungah
D. Kabar kabari

21. Pawarta kang ditulis kanthi ringkes, padet, lugas la apa anane. Diarani pawarta …
A. Pawarta Opini
B. Pawarta Interpretatif
C. Pawarta Penjelas
D. Pawarta Langsung

22. Sing diarani pulau Dewata kui pulau ngendi …
A. Jawa
B. Sumatra
C. Bali
D. Kalimantan

23. Kabar sing resmi saka negara kui diarani kabar …
A. Kabar susah utawa bungah
B. Kabar negara
C. Kabar manuk
D. Kabar berita

24. Miturut pawarta, Covid-19 utowo Corona kui kalebu sawijine penyakit sing disebabne …
A. Virus
B. Bakteri
C. Katurunan
D. Kabiasaan urip

25. Pakulinan sing kudu ditrapne dening brantas panyebaran virus Corona, kejaba …
A. Gawe masker
B. Wisuh gawe sabun lan banyu sing mancur
C. Ngumpul rame-rame
D. Sosial distancing

Contoh Soal penilaian harian Bahasa Jawa kelas 5 di atas merupakan sebuah referensi untuk Bapak/Ibu guru dalam menyusun evaluasi kepada siswa.

Berkaca pada setiap kondisi siswa maupun sekolah yang berbeda, silahkan disesuaikan atau digubah menurut keadaan siswa dan sekolah bapak/ibu sekalian.

Apabila postingan ini bermanfaat, mohon untuk menyebarkannya ke kawan sejawat.

Dapatkan Soal-soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Lainnya DISINI

Demikian postingan kami kali ini mengenai Contoh Soal ulangan harian Bahasa Jawa KD 3.2 kelas 5 K-13 semester 1, Semoga Bermanfaat